-->

Berbagi Artikel dan Ilmu Pengetahuan

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Ningkataken Amal Sholih

loading...
Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Ningkataken Amal Sholih

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
 NINGKATAKEN AMAL SHALEH

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ الله.اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أما بعد فياعباد الله أوصيكم ونفسى بتقوى الله فقد فاز المتقون, اتقو الله حق تقاته ولاتموتن ألا وأنتم مسلمون. وقد قال الله تعالى فى القرأن الكريم ٱلمَالُ وَٱلبَنُونَ زِينَةُ ٱلحَيَوٰةِ ٱلدُّنيَاوَٱلبَـٰقِيَـٰتُ ٱلصَّـٰلِحَـٰتُ خَيرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيرٌ أَمَلاً (٤٦)

Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing kesempatan Jum’ah siang punika kita saget nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siang punika saget katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugia tetep kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.

Selajengpun, keparenga kulo ngajak , khususipun dhumateng kulo piyambak lumeber dating panjenengan sami, sumanggo kita terus usaha lan ikhtiyar murih saya ningkatipun taqwa kita dhumateng Allah SWT. Awit selaku tiyang mukmin kita kedah saget anggadhai aqidah ingkat kiyat, keimanan ingkang teguh, sahingga kanthi iman saha taqwa ingkang kiyat lan tegun, kita sedaya saged pikantuk predikat tiyang ingkang paling mulya ing ngarsanipun Allah. Makaten ingkang dipun dhawuhaken Allah wanten ing Kitab Sucinipun, Al-Qur’an Surat Al-Hujarat ayat 13 :

إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ۬  

 “Satemene wong kang paling mulya ing ngarsane Allah, ing antarane sira kabeh, yaiku wong kang paling taqwa marang Panjenengane”.

            Mugi-mugi ayat dhawuhipun Allah punika saged saya nambahi gumregah lan gumregut ing semangat kita anggenipun badhe terus ningkataken ketaqwaan kita dhumateng allah sarana nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi saking sawarnining awisanipun. Ing salajengipun Allah ngendika kadha wanten ing Surat Al Imran ayat 102 :

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ 
 
 “E wong-wong kang iman,  Sira kabeh padha taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere ! Lan sira kabeh aja pisa-pisan mati kejaba kanthi tetepa dadi wong-wong Islam”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Ayat punika mengku tigang warni tuntunan ingkang wajib kita tingkataken terus menerus. Inggih punika iman, taqwa lan Islam. Lang mingka pengejawantah utawi panjilmaning iman, taqwa lan Islam punika kedah dipun buktekaken kanthi pengamalan. Awit, iman, tqwa lan Islam ingkang tanpa pengamalan sanes iman, sanes taqwa lan sanes Islam naminipun. Wonten satunggaling hadist ngendikanipun Rasulullah saw ingkang nyebadaken : “Satemene Allah iku ora mirsani marang awak-awak  iro kabeh lan rupa-rupa siro kbeh, ananging mirsani marang ati-atimu lan amal-amal perbuatanmu”.

            Boten namung hadits kemawon, nanging ayat Al-Qur’an , ugi mboten sekedik ingkang nerangaken bab peranan lan pentingipun amal. Kados dawuhipun  Allah swt wanten ing Al qur’an :

ٱلمَالُ وَٱلبَنُونَ زِينَةُ ٱلحَيَوٰةِ ٱلدُّنيَاوَٱلبَـٰقِيَـٰتُ ٱلصَّـٰلِحَـٰتُ خَيرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيرٌ أَمَلاً 

 “Bandha donya lan anak iku pepaesing urip kadonyan. Lan amal-amal shaleh iku mujudake ganjaran lan pengarep-arep kang paling utama menggahe Pengeranira”.

Kanthi ayat punika sampun jelas sanget tumrapipun kita sedaya. Mila kanthi ayat dhawuh pangandikanipun Allah punika, keparenga kita ngajak dhumateng kita sedaya, sumangga kita tingkataken terus amal kesaenan kita kanthi dipun landesi niat ingkang ikhlas lillahi ta’ala. Lan ing babagan ningkataken amal kesaenan punika Rasulullah SAW sampun paring tuntunan lan piwucal makaten : “Sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki luwih becik tinimbang amal tumindake ing dina wingi, yaiku wong kang untung (bathi). Lan sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki padha karo amal tumindake ing dina wingi, mong mau yaiku wong kang rugi. Lan sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki luwih ala tinimbang mala tumindake ing dina wingi, wong kang mangkono iku yaiku wong kang dilaknati dening Allah” (Al-Hadits).

Bilih kita pahami kanthi saestu, Gusti kanjeng Nabi merang-merang manungsa dados tigang perangan. Inggih punika : 1. Tiyang ingkang untung. 2. Tiyang ingkang rugi. 3 tiyang ingkang badhe manggih bendunipun Allah. Wondene tiyang ingkang bathi inggih punika tiyang ingkang amal tumindakipun ing dinten punika langkung sae tinimbang amal tumindakipun ing dinten wingi. Mila saking punika, kita sedaya wajib tansah mbudidaya lan ihtiyar ingkang supadas amal tumindak kita punika saya dangu saya tambah meningkat sae, inggih punika amal tumindak ingkang dipun ridlani dening Allah swt.

            Sumangga kita tingkataken kewaspadan tuwin pangatos-atos kita, murih gesang kita wanten ing ndonya ingkang naming sepisan punika sage sukses, klebet gesang ingkang dipun ridlani dening Allah SWT, amargi saking perbuatan kita ingkang sae, ingkang yen manut istilah agami dipun sebat amal shalih. Inggih punika amal ingkang namung saget dipun tindakaken dening tiyang-tiyang ingkang iman kemawon. Kados kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Bayyinah ayat 7 :

إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمۡ خَيۡرُ ٱلۡبَرِيَّةِ (٧)

Satemene wong-wong kang iman kang padha nindakake amal shalih, yaiku sabecik-becike makhluke Allah”.
            Wondene tiyang-tiyang ingkang kufur dhateng ayat-ayat utawi tandha-tandha keluhuranipun Allah, ingkang kesasar amal usahanipun wonten ing ndonya, lan ingkang nerak awisanipun Allah, nasibipun tiyang-tiyang makaten punika ugi sampun jelasaken wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Bayyinah ayat 6 :

إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَـٰبِ وَٱلۡمُشۡرِكِينَ فِى نَارِ جَهَنَّمَ خَـٰلِدِينَ فِيہَآۚ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمۡ شَرُّ ٱلۡبَرِيَّةِ 

Satemene wong-wong kafir saka ahli kitab lan wong-wong musyrik iku padha kelebokake ana ing sajrone neraka jahanam kanthi langgeng abadi salawas-lawase. Wong-wong mau yaiku sa ala-alane makhluke Allah”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Makaten sekedik atur keterangan ingkang wanten khutbah meniko, mugi-mugi saget mbeto manfaat kangge kito sedoyo , lan mugi mugi kita sedaya dados tiyang ingkang tansah nedya gegancangan wonten ing babagan nindakaken kesaenan. Sahingga kita kagolong tiyang ingkang bekjo ing ndonya ngantor ing akhirat mbenjang, amin ya rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى 
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

مَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

loading...
Labels: Khutbah Jum'at

Thanks for reading Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Ningkataken Amal Sholih. Please share...!

0 Komentar untuk "Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Ningkataken Amal Sholih"

Back To Top