-->

Berbagi Artikel dan Ilmu Pengetahuan

Khutbah Jum'at bahasa Jawa : Fadhilah Membaca Sholawat

loading...
Fadhilah Membaca Sholawat

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِىْ أَمَرَنَا بِــإِكْـثَارِ الصَّلَوَاتِ عَلَيْهِ, وَجَعَلَهَا سَبَـبًا لِنَــيْـلِ شَفَاعَتِهِ. فَمَنْ أَكْـثَرَهَا فَهُوَ أَوْلَى النَّاسِ بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ, يَوْمَ لَايَشْفَعُ أَحَدٌ إِلَّا بِــإِذْنِهِ, وَمَنْ إِفْتَـــتَـحَ بِـهَا الدُّعَاءَ وَاخْتَتَمَ فَهُوَ أَقْرَبُ إِلَى اسْتِجَابِهِ دُعَائِهِ, أَشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً مَقْرُوْنَةً بِتَسبِــيْحِهِ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ خَلْقِ كُـلِّهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّـدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ حَثَّ النَّاسَ عَلَى إكْــثَارِ الصَّلَوَاتِ وَالتَّوَاسُلِ بِـهَا عِنْدَ السُّؤَالِ حَاجَتِهِ. وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ. أمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ! إتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَأَكْــثِرُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَلِأَنَّ فِيْـهَا فَوَائِدَ لَاتُحْصَى, وَفَضَائِلَ أَكْــثَرَ مِنْ أَنْ تُسْتَقْصَى لِعَظْمِ شَانِهِ. 

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Monggo kito sareng-sareng ningkataken taqwa kito dateng Alloh ﷻ, kanthi nindakaken perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Ingkang mugi-mugi kita sedoyo saget tergolong tiyang ingkang wilujeng wiwit dunyo ngantos akhirat. Lan monggo kita gatosaken Dawuhipun Allah wonten ing Al- Qur’anul karim;

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَـتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ, يَاأَيُّـهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

Artosipun: Satemene Gusti Allah paring rohmat, lan poro malaikatipun podo nyuwunaken pengapuro marang kanjeng nabi, hai wong-wong kang podo iman, podo mocoho sholawat siro kabeh marang kanjeng nabi kelawan dua keselematan kang temen. 

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Dawuh Allah ta’ala meniko nedahaken bilih kito sedoyo kapurih nondaaken amalan inggih puniko. Kanthi ngatah-ngatahaken mahos sholawat marang kanjeng nabi Muhammad ﷺ. Awit dzikir sholawat puniko katah penting sanget lan katah fadhilahipun. Kasebat wonten ing Hadits :

عَنْ عَبْدِ اللهِ بْنِ عَمْرِو بْن عَاصٍ رَضِيَ اللهُ عَنْـهُمَا, أَنَّهُ سَمِعَ رَسُوْلَ اللهِ ﷺ يَقُوْلُ : مَنْ صَلَّى عَلَيَّ صَلَاةً صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ عَشْرًا.  

Saking Abdullah bin Umar bin Ash ra, mireng kanjeng nabi dawuh : Sing sopo wonge moco sholawat ingatase ingsun sepisan, mongko Allah ﷻ bakal paring rahmat marang dhewek’e sepuluh keapik’an.

عَنْ أَبِى مَسْعُوْدٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ أَنَّ رَسُوْلَ اللهِ ﷺ قَالَ : أَوْلَى النَّاسِ بِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَكْـثَرُهُمْ عَلَيَّ صَلَاةً. (رواه ترمذى وقال حديث حسن)

Lan saking  Ibnu Mas’ud ra, kanjeng nabi dawuh : luwih utama-utamane menungso ing dino kiyamat kang luwih berhak nompo syafaat ingsung hyo iku wong kang akeh moco sholawate marang ingsun.  
Dawuhipun Rasulullah maleh :Saking  Anas bin Malik Radhiyallaahu ‘anhu, bilih  Rasulullah Shallallaahu ‘alaihi wasallam dawuh:

مَنْ صَلَّى عَلَيَّ صَلَاةً وَاحِدَةً صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ عَشْرَ صَلَوَاتٍ وَحُطَّتْ عَنْهُ عَشْرُ خَطَيَاتٍ وَرُفِعَتْ لَهُ عَشْرُ دَرَجَاتٍ

Artosipun : sinten tiyange ingkang brsholawat marang ingsun (Nabi) kaping sepisan mongko Allah bersholawat marang deweke kaping sedoso (10), lan dipun lebur sedoso kesalahane lan diangkat sedoso derajate. (HR. Imam Nasai. HAdits meniko dipun Shohihaken deneng Syaikh al-Albani}

Mekaten penten-pinten dawuh ngingingi bab fadhilahipun mahos sholawat dating kanjeng Nabi Muhammad SAW . Lan temtunipun katah hadits ingkang nerangaken bilih dzikir sholawat ;uniko agung sanget fadhilahipun, saged dadosaken angsal rahmat saking ngarsane Allah lan ugi  saged dados lantaranipun merkoleh syafaat kanjeng nabi Muhammad ﷺ benjang dinteng kiyamat.

Milo kito dipun anjuraken sanget ngatah-ngatahaken mahos sholawat nabi wonten ing saben-saben panggenan. Malah-malah menawikito ndungo tanpo dipun kawiti kanthi mahos sholawat, kasebat tiyang ingkang kesasar, engkang mboten sahe menggah agami Islam. 
Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ mireng setunggalipun tiyang jaler ingkang ndungo tanpo muji Allah ﷻ lan mboten mahos sholawat dumateng kanjeng nabi, lajeng panjenenganipun dawuh “Wong iki kesusu”. Lajeng kanjeng nabi nimbalitiyang jaler puniko lajeng dawuh “ Yen salah sijine siro kabeh ndungo, mongko kawitanono klawan muji Allah ﷻ nuli moco sholawat nuli ndungo’o sakarep iro kabeh.”

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Kejawi fadhilah engkang katah, dasar saking Al-Qur’an lan hadits sampun cetho nganjuraken mahos sholawat dumateng kanjeng nabi. Milo katerangan puniko minongko penambah kemantepan kulo lan panjenengan sami. Langkung-langkung pinuju dinten jum’at kapurih ngatah-ngatahaken mahos dzikir sholwat.

أَكْثِرُوا عَلَىَّ مِنَ الصَّلاَةِ فِى كُلِّ يَوْمِ جُمُعَةٍ فَإِنَّ صَلاَةَ أُمَّتِى تُعْرَضُ عَلَىَّ فِى كُلِّ يَوْمِ جُمُعَةٍ ، فَمَنْ كَانَ أَكْثَرَهُمْ عَلَىَّ صَلاَةً كَانَ أَقْرَبَهُمْ مِنِّى مَنْزِلَةً

Podho ngakehno siro kabeh sholawat marang ingsun Nabi saben-saben dino jum’at, sebab sholawate umat-Ku diweruhno marang ingsun (Nabi) saben dino jum’at. Sing sopo wonge kang akeh mahos sholawat marang ingsun, deweke bakal kang paling cedak marang aku ingdalem dino qiyamat besok” (HR. baihaqi)

Kados Dawuh hadits sanesipun  ingkang dipunriwayatan deneng  Uwais bin Uwais bilih kanjeng nabi dawuh “Saktemene saking utamane piro-piro dino  iku dino Jum’at, Mongko, podo ngakeh-ngakehaken moco sholawat ingatase ingsun, sebab sholawat iro kabeh disowanake marang ingsun.

Mekaten dawuhipun kanjeng nabi ngingingi bab dzikir sholawat. Mugi-mugi lantaran dzikir sholawat puniko kito kalebet umat Muhammad ﷺ engkang sakestu-estu ndherek dawuhipun lajeng pikantuk syafaatipun wontening dino kiyamat. Amin. 

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فىِ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِى بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, لَقَدْ جَآءَكُمْ رَسُوْلٌ مِنْ أَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْـهِمَا عَنِــتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْـمُؤْمِنِـيْنَ رَؤُفٌ رَّحِيْمٌ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِـيْنَ.     


Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ،
 يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.


 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

loading...
Labels: Khutbah Jum'at

Thanks for reading Khutbah Jum'at bahasa Jawa : Fadhilah Membaca Sholawat. Please share...!

0 Komentar untuk "Khutbah Jum'at bahasa Jawa : Fadhilah Membaca Sholawat"

Back To Top