-->

TuMan-95

Berbagi Artikel dan Ilmu Pengetahuan

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Ningkataken Amal Sholih

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Ningkataken Amal Sholih

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
 NINGKATAKEN AMAL SHALEH

اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ الله.اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أما بعد فياعباد الله أوصيكم ونفسى بتقوى الله فقد فاز المتقون, اتقو الله حق تقاته ولاتموتن ألا وأنتم مسلمون. وقد قال الله تعالى فى القرأن الكريم ٱلمَالُ وَٱلبَنُونَ زِينَةُ ٱلحَيَوٰةِ ٱلدُّنيَاوَٱلبَـٰقِيَـٰتُ ٱلصَّـٰلِحَـٰتُ خَيرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيرٌ أَمَلاً (٤٦)

Minangka pambukaning khotbah ing siang punika, sumangga sesarengan kita ngeningaken cipta saha manah kita, kanthi nyaosaken pujo puji syukur ing ngarso dalem Allah SWT, Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga ngantos  ing kesempatan Jum’ah siang punika kita saget nindakaken pangibadahan dumateng Allah SWT. Kita nyuwun dumateng Allah SWT mugi-mugi ibadah kita ing siang punika saget katampi dening Allah SWT. Sahingga kita manggih kawilujengan ing donya dumugi ing akherat, amin ya rabbal ‘alamin. Sholawat saha salam mugia tetep kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.

Selajengpun, keparenga kulo ngajak , khususipun dhumateng kulo piyambak lumeber dating panjenengan sami, sumanggo kita terus usaha lan ikhtiyar murih saya ningkatipun taqwa kita dhumateng Allah SWT. Awit selaku tiyang mukmin kita kedah saget anggadhai aqidah ingkat kiyat, keimanan ingkang teguh, sahingga kanthi iman saha taqwa ingkang kiyat lan tegun, kita sedaya saged pikantuk predikat tiyang ingkang paling mulya ing ngarsanipun Allah. Makaten ingkang dipun dhawuhaken Allah wanten ing Kitab Sucinipun, Al-Qur’an Surat Al-Hujarat ayat 13 :

إِنَّ أَڪۡرَمَكُمۡ عِندَ ٱللَّهِ أَتۡقَٮٰكُمۡۚ إِنَّ ٱللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ۬  

 “Satemene wong kang paling mulya ing ngarsane Allah, ing antarane sira kabeh, yaiku wong kang paling taqwa marang Panjenengane”.

            Mugi-mugi ayat dhawuhipun Allah punika saged saya nambahi gumregah lan gumregut ing semangat kita anggenipun badhe terus ningkataken ketaqwaan kita dhumateng allah sarana nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi saking sawarnining awisanipun. Ing salajengipun Allah ngendika kadha wanten ing Surat Al Imran ayat 102 :

يَـٰٓأَيُّہَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسۡلِمُونَ 
 
 “E wong-wong kang iman,  Sira kabeh padha taqwa-a marang Allah kanthi taqwa kang sabener-benere ! Lan sira kabeh aja pisa-pisan mati kejaba kanthi tetepa dadi wong-wong Islam”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Ayat punika mengku tigang warni tuntunan ingkang wajib kita tingkataken terus menerus. Inggih punika iman, taqwa lan Islam. Lang mingka pengejawantah utawi panjilmaning iman, taqwa lan Islam punika kedah dipun buktekaken kanthi pengamalan. Awit, iman, tqwa lan Islam ingkang tanpa pengamalan sanes iman, sanes taqwa lan sanes Islam naminipun. Wonten satunggaling hadist ngendikanipun Rasulullah saw ingkang nyebadaken : “Satemene Allah iku ora mirsani marang awak-awak  iro kabeh lan rupa-rupa siro kbeh, ananging mirsani marang ati-atimu lan amal-amal perbuatanmu”.

            Boten namung hadits kemawon, nanging ayat Al-Qur’an , ugi mboten sekedik ingkang nerangaken bab peranan lan pentingipun amal. Kados dawuhipun  Allah swt wanten ing Al qur’an :

ٱلمَالُ وَٱلبَنُونَ زِينَةُ ٱلحَيَوٰةِ ٱلدُّنيَاوَٱلبَـٰقِيَـٰتُ ٱلصَّـٰلِحَـٰتُ خَيرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيرٌ أَمَلاً 

 “Bandha donya lan anak iku pepaesing urip kadonyan. Lan amal-amal shaleh iku mujudake ganjaran lan pengarep-arep kang paling utama menggahe Pengeranira”.

Kanthi ayat punika sampun jelas sanget tumrapipun kita sedaya. Mila kanthi ayat dhawuh pangandikanipun Allah punika, keparenga kita ngajak dhumateng kita sedaya, sumangga kita tingkataken terus amal kesaenan kita kanthi dipun landesi niat ingkang ikhlas lillahi ta’ala. Lan ing babagan ningkataken amal kesaenan punika Rasulullah SAW sampun paring tuntunan lan piwucal makaten : “Sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki luwih becik tinimbang amal tumindake ing dina wingi, yaiku wong kang untung (bathi). Lan sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki padha karo amal tumindake ing dina wingi, mong mau yaiku wong kang rugi. Lan sing sapa wonge amal tumindake ing dina iki luwih ala tinimbang mala tumindake ing dina wingi, wong kang mangkono iku yaiku wong kang dilaknati dening Allah” (Al-Hadits).

Bilih kita pahami kanthi saestu, Gusti kanjeng Nabi merang-merang manungsa dados tigang perangan. Inggih punika : 1. Tiyang ingkang untung. 2. Tiyang ingkang rugi. 3 tiyang ingkang badhe manggih bendunipun Allah. Wondene tiyang ingkang bathi inggih punika tiyang ingkang amal tumindakipun ing dinten punika langkung sae tinimbang amal tumindakipun ing dinten wingi. Mila saking punika, kita sedaya wajib tansah mbudidaya lan ihtiyar ingkang supadas amal tumindak kita punika saya dangu saya tambah meningkat sae, inggih punika amal tumindak ingkang dipun ridlani dening Allah swt.

            Sumangga kita tingkataken kewaspadan tuwin pangatos-atos kita, murih gesang kita wanten ing ndonya ingkang naming sepisan punika sage sukses, klebet gesang ingkang dipun ridlani dening Allah SWT, amargi saking perbuatan kita ingkang sae, ingkang yen manut istilah agami dipun sebat amal shalih. Inggih punika amal ingkang namung saget dipun tindakaken dening tiyang-tiyang ingkang iman kemawon. Kados kasebat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Bayyinah ayat 7 :

إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّـٰلِحَـٰتِ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمۡ خَيۡرُ ٱلۡبَرِيَّةِ (٧)

Satemene wong-wong kang iman kang padha nindakake amal shalih, yaiku sabecik-becike makhluke Allah”.
            Wondene tiyang-tiyang ingkang kufur dhateng ayat-ayat utawi tandha-tandha keluhuranipun Allah, ingkang kesasar amal usahanipun wonten ing ndonya, lan ingkang nerak awisanipun Allah, nasibipun tiyang-tiyang makaten punika ugi sampun jelasaken wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Bayyinah ayat 6 :

إِنَّ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ مِنۡ أَهۡلِ ٱلۡكِتَـٰبِ وَٱلۡمُشۡرِكِينَ فِى نَارِ جَهَنَّمَ خَـٰلِدِينَ فِيہَآۚ أُوْلَـٰٓٮِٕكَ هُمۡ شَرُّ ٱلۡبَرِيَّةِ 

Satemene wong-wong kafir saka ahli kitab lan wong-wong musyrik iku padha kelebokake ana ing sajrone neraka jahanam kanthi langgeng abadi salawas-lawase. Wong-wong mau yaiku sa ala-alane makhluke Allah”.

Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah.
            Makaten sekedik atur keterangan ingkang wanten khutbah meniko, mugi-mugi saget mbeto manfaat kangge kito sedoyo , lan mugi mugi kita sedaya dados tiyang ingkang tansah nedya gegancangan wonten ing babagan nindakaken kesaenan. Sahingga kita kagolong tiyang ingkang bekjo ing ndonya ngantor ing akhirat mbenjang, amin ya rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى 
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

مَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

Khutbah Jum'at bahasa Jawa : Fadhilah Membaca Sholawat

Fadhilah Membaca Sholawat

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِىْ أَمَرَنَا بِــإِكْـثَارِ الصَّلَوَاتِ عَلَيْهِ, وَجَعَلَهَا سَبَـبًا لِنَــيْـلِ شَفَاعَتِهِ. فَمَنْ أَكْـثَرَهَا فَهُوَ أَوْلَى النَّاسِ بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ, يَوْمَ لَايَشْفَعُ أَحَدٌ إِلَّا بِــإِذْنِهِ, وَمَنْ إِفْتَـــتَـحَ بِـهَا الدُّعَاءَ وَاخْتَتَمَ فَهُوَ أَقْرَبُ إِلَى اسْتِجَابِهِ دُعَائِهِ, أَشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, شَهَادَةً مَقْرُوْنَةً بِتَسبِــيْحِهِ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ خَلْقِ كُـلِّهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّـدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ حَثَّ النَّاسَ عَلَى إكْــثَارِ الصَّلَوَاتِ وَالتَّوَاسُلِ بِـهَا عِنْدَ السُّؤَالِ حَاجَتِهِ. وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ. أمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ! إتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى وَأَكْــثِرُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَلِأَنَّ فِيْـهَا فَوَائِدَ لَاتُحْصَى, وَفَضَائِلَ أَكْــثَرَ مِنْ أَنْ تُسْتَقْصَى لِعَظْمِ شَانِهِ. 

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Monggo kito sareng-sareng ningkataken taqwa kito dateng Alloh ﷻ, kanthi nindakaken perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun. Ingkang mugi-mugi kita sedoyo saget tergolong tiyang ingkang wilujeng wiwit dunyo ngantos akhirat. Lan monggo kita gatosaken Dawuhipun Allah wonten ing Al- Qur’anul karim;

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَـتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ, يَاأَيُّـهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

Artosipun: Satemene Gusti Allah paring rohmat, lan poro malaikatipun podo nyuwunaken pengapuro marang kanjeng nabi, hai wong-wong kang podo iman, podo mocoho sholawat siro kabeh marang kanjeng nabi kelawan dua keselematan kang temen. 

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Dawuh Allah ta’ala meniko nedahaken bilih kito sedoyo kapurih nondaaken amalan inggih puniko. Kanthi ngatah-ngatahaken mahos sholawat marang kanjeng nabi Muhammad ﷺ. Awit dzikir sholawat puniko katah penting sanget lan katah fadhilahipun. Kasebat wonten ing Hadits :

عَنْ عَبْدِ اللهِ بْنِ عَمْرِو بْن عَاصٍ رَضِيَ اللهُ عَنْـهُمَا, أَنَّهُ سَمِعَ رَسُوْلَ اللهِ ﷺ يَقُوْلُ : مَنْ صَلَّى عَلَيَّ صَلَاةً صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ عَشْرًا.  

Saking Abdullah bin Umar bin Ash ra, mireng kanjeng nabi dawuh : Sing sopo wonge moco sholawat ingatase ingsun sepisan, mongko Allah ﷻ bakal paring rahmat marang dhewek’e sepuluh keapik’an.

عَنْ أَبِى مَسْعُوْدٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ أَنَّ رَسُوْلَ اللهِ ﷺ قَالَ : أَوْلَى النَّاسِ بِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَكْـثَرُهُمْ عَلَيَّ صَلَاةً. (رواه ترمذى وقال حديث حسن)

Lan saking  Ibnu Mas’ud ra, kanjeng nabi dawuh : luwih utama-utamane menungso ing dino kiyamat kang luwih berhak nompo syafaat ingsung hyo iku wong kang akeh moco sholawate marang ingsun.  
Dawuhipun Rasulullah maleh :Saking  Anas bin Malik Radhiyallaahu ‘anhu, bilih  Rasulullah Shallallaahu ‘alaihi wasallam dawuh:

مَنْ صَلَّى عَلَيَّ صَلَاةً وَاحِدَةً صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ عَشْرَ صَلَوَاتٍ وَحُطَّتْ عَنْهُ عَشْرُ خَطَيَاتٍ وَرُفِعَتْ لَهُ عَشْرُ دَرَجَاتٍ

Artosipun : sinten tiyange ingkang brsholawat marang ingsun (Nabi) kaping sepisan mongko Allah bersholawat marang deweke kaping sedoso (10), lan dipun lebur sedoso kesalahane lan diangkat sedoso derajate. (HR. Imam Nasai. HAdits meniko dipun Shohihaken deneng Syaikh al-Albani}

Mekaten penten-pinten dawuh ngingingi bab fadhilahipun mahos sholawat dating kanjeng Nabi Muhammad SAW . Lan temtunipun katah hadits ingkang nerangaken bilih dzikir sholawat ;uniko agung sanget fadhilahipun, saged dadosaken angsal rahmat saking ngarsane Allah lan ugi  saged dados lantaranipun merkoleh syafaat kanjeng nabi Muhammad ﷺ benjang dinteng kiyamat.

Milo kito dipun anjuraken sanget ngatah-ngatahaken mahos sholawat nabi wonten ing saben-saben panggenan. Malah-malah menawikito ndungo tanpo dipun kawiti kanthi mahos sholawat, kasebat tiyang ingkang kesasar, engkang mboten sahe menggah agami Islam. 
Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ mireng setunggalipun tiyang jaler ingkang ndungo tanpo muji Allah ﷻ lan mboten mahos sholawat dumateng kanjeng nabi, lajeng panjenenganipun dawuh “Wong iki kesusu”. Lajeng kanjeng nabi nimbalitiyang jaler puniko lajeng dawuh “ Yen salah sijine siro kabeh ndungo, mongko kawitanono klawan muji Allah ﷻ nuli moco sholawat nuli ndungo’o sakarep iro kabeh.”

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh
Kejawi fadhilah engkang katah, dasar saking Al-Qur’an lan hadits sampun cetho nganjuraken mahos sholawat dumateng kanjeng nabi. Milo katerangan puniko minongko penambah kemantepan kulo lan panjenengan sami. Langkung-langkung pinuju dinten jum’at kapurih ngatah-ngatahaken mahos dzikir sholwat.

أَكْثِرُوا عَلَىَّ مِنَ الصَّلاَةِ فِى كُلِّ يَوْمِ جُمُعَةٍ فَإِنَّ صَلاَةَ أُمَّتِى تُعْرَضُ عَلَىَّ فِى كُلِّ يَوْمِ جُمُعَةٍ ، فَمَنْ كَانَ أَكْثَرَهُمْ عَلَىَّ صَلاَةً كَانَ أَقْرَبَهُمْ مِنِّى مَنْزِلَةً

Podho ngakehno siro kabeh sholawat marang ingsun Nabi saben-saben dino jum’at, sebab sholawate umat-Ku diweruhno marang ingsun (Nabi) saben dino jum’at. Sing sopo wonge kang akeh mahos sholawat marang ingsun, deweke bakal kang paling cedak marang aku ingdalem dino qiyamat besok” (HR. baihaqi)

Kados Dawuh hadits sanesipun  ingkang dipunriwayatan deneng  Uwais bin Uwais bilih kanjeng nabi dawuh “Saktemene saking utamane piro-piro dino  iku dino Jum’at, Mongko, podo ngakeh-ngakehaken moco sholawat ingatase ingsun, sebab sholawat iro kabeh disowanake marang ingsun.

Mekaten dawuhipun kanjeng nabi ngingingi bab dzikir sholawat. Mugi-mugi lantaran dzikir sholawat puniko kito kalebet umat Muhammad ﷺ engkang sakestu-estu ndherek dawuhipun lajeng pikantuk syafaatipun wontening dino kiyamat. Amin. 

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فىِ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِى بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلْ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, لَقَدْ جَآءَكُمْ رَسُوْلٌ مِنْ أَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْـهِمَا عَنِــتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْـمُؤْمِنِـيْنَ رَؤُفٌ رَّحِيْمٌ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِـيْنَ.     


Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ،
 يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.


 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Khutbah Juma'at bahasa Jawa : Amal Ingkang Dipun Remeni Deneng Allah SWT

Khutbah Juma'at bahasa Jawa

اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ وَأَشْهَدُ أَنْ لَاإِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ فِيْ ذَاتِهِ وَ أَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَخْلُوْقَاتِهِ أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ الْمُقْتَدِيْنَ بِهِ فِيْ كُلِّ حَالَاتِهِ. أما بعد:
فَيَا عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَالزَّادِ التَّقْوَى فَقَالَ اللهُ عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَ مَنْ يُطِعِ اللهَ وَ رَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَفَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah  jum’ah rohimakumulloh.
Minongko purwokoning atur, monggo kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit sampun paring kanugrahan lan kanikmatan, langkung langkung rohmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito sedoyo, sahinggo wonten ing kesempatan puniko kito tasih saget menangi malih dinten jum’ah, lan saget nglampahi kwajiban sholat jum’at wontwn ing siang meniko.

Lan Sak lajengipun, keparengo kulo ngajak dateng awak  kulo piyambak lumeber dumateng panjenengan sedoyo, supados kito tansah ningkataken ketaqwaan utawi raos ajreh dateng Allah SWT Kanti tansah berusaha nindaaken punopo ingkang dados perintahipun soho nebihi punopo ingkang dados awisanipun Allah SWT.

Hadlirin Jama’ah jum’at Rahimakumullah 
Allah SWT dawuh wonten ing Al Qur’an 

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ

Inkang artosipun : “Lan ingsun Allah Ora agawe Jin lan manungso kejobo supoyo podo nyembah utawi ngibadah marang Ingsun (Allah) (QS. Adzariyat ayat 56)

Saking dawuh ayat meniko saget dipun pendet hikmahipun ing antawisipun bilih penting sanget kangge kito supados anggadahi pendirian ingkang teguh lan sikap istiqomah ing dalem ngibadah dateng Allah SWT. 

HAdlirin JAma’ah sholat jum’at Rahimakumullah
Ibadah meniko termasuk perkawis ingkang sanget pokok wonten ing pagesangan kito. Namun wonten perkawis ingkang penting sanget ingkang mestinipun kito gatosaken ingdalem nglampahi ibadah supados ibadah ingkang kito lampahi dados ibadah ingkang dipun remeni deneng Allah SWT. KAdos dawuhipun Rasulullah SAW : Dipun riwayataken Saking A’isyah Radyiyallahu ‘anha, RAsulullah SAW dawuh  

أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ

Artinya: Amalan ingkang paling dipun remeni Allah inggih meniko amalan ingkang dawam utawi rutin dipun lampahi senajan sitik (HR. Bukhari Muslim)

DAwuhipun RAsulullah maleh :

يَا أَيُّهَا النَّاسُ عَلَيْكُمْ مِنَ الأَعْمَالِ مَا تُطِيقُونَ فَإِنَّ اللَّهَ لاَ يَمَلُّ حَتَّى تَمَلُّوا وَإِنَّ أَحَبَّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ مَا دُووِمَ عَلَيْهِ وَإِنْ قَلَّ

Artosipun :He manungso kabeh, tindakno amalan sesuai kalian kemampuane siro kabeh, Kerono sak temene Allah mboten bosen ngantos siro kabeh ngroso bosen. (Lan mangertoso siro) bilih amalan ingkang dipun remeni/dipun cintai deneng Allah yoiku amalan ingkang ajeg/rutin senajan sitik (HR. Muslim) 

Mekaten Rasulullah SAW maringi pangertosan dumateng kito sedoyo bilih termasuk amal ingkang dipun remeni utawi dipun cintai deneng Allah SWT inggih meniko amalan-amalan ingkang rutin utawi istiqomah, ajeg  anngenipun nglampahi, senahoso amal ibadah meniko sekedik utawi ringan. Pramilo sampun sak mestinipun menawi kito anggadahi amalan ibadah senaoso kedik kito berusaha nglampahi kanti dipun lampahi secoro rutin.

Hadirin JAma’ah sholat Jum’ah Rahimakumullah 
Kejawi hal meniko dipun cintai deneng Allah SWT, amalan ingkang dipun lampahi scoro rutin meniko saget melatih kangge kito supados saget nglampahi amal ibadah kanti istiqomah. Keranten, istiqomah meniko perkawis penting kaitanipun ingdalem bab ibadah. Lan istiqomah anggadahi fadhilah ingkang ageng sanget kados dawuhipun Allah SWT wonten ing Al qur’an wonten ing surat fusshilat ayat 30-32:

إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ  نَحْنُ أَوْلِيَاؤُكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ وَلَكُمْ فِيهَا مَا تَشْتَهِي أَنْفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيهَا مَا تَدَّعُونَ  نُزُلًا مِنْ غَفُورٍ رَحِيمٍ

Ingkang artosipun Wallahu ‘a’lamu bimurodihi: 
“Saktemene wong-wong kag podho ngucap: pengeran kito yo iku Allah, nuli deweke podho tetep istiqomah, mongko poro malaikat badhe podho tumurun marang deweke kabeh (kalian pdho ngendikan) , ojo podho ngroso wedi siro kabeh  lan jo podo susah lan podo senengo siro kabeh kalian piwales swuarga kang wus dijanjekake marang siro kabeh. Lan kito dados pelindung siro kabeh ingdale dunyo lan akhirat. Lan keduwe siro kabeh ingdalem Suwargo bakal pikantuk nopo kang siro podo karep dan kang siro suwun, sebagai penghormatan kanggo siro kabeh saking Allah Kang Moho pengapuro lan Moho Welas”

Ma’asyirol muslimin rahimakumulah
Mekaten khutbah jumat qonten ing kesempatan meniko, mugi-mugi wonten manfa’atipun. Amin Allahumma Amin.

بَارَكَ اللّه لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الّذِيْنَ  آمَنُوْا وَعَمِلُوْا الصَّالِحَاتِ وَتَوَا صَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ. أَقُوْ لُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفَرُوْا رَبَّكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

Khutbah II   

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا 
  أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 
  اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Bacaan Ketika Bangun dari Tidur

Bacaan Ketika Bangun dari Tidur

Di bawah ini adalah bacaan-bacaan ketika kita bangun tidur

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَحْيَانَا بَعْدَ مَا أَمَاتَنَا وَإِلَيْهِ النُّشُوْرِ

Artinya : “Segala puji bagi Allah, yang membangunkan kami setelah ditidurkanNya dan kepadaNya kami dibangitkan.” [HR. Al-Bukhari dalam Fathul Baari 11/113, Muslim 4/2083]

لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ، وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. سُبْحَانَ اللهِ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ، وَلاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، وَلاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ)) ((رَبِّ اغْفِرْ لِيْ

Artinya : ‘Tiada Tuhan yang haq selain Allah, Yang Maha Esa, tiada sekutu bagiNya. BagiNya kerajaan dan pujian. Dia-lah Yang Maha Kuasa atas segala sesuatu. Maha Suci Allah, segala puji bagi Allah, tiada Tuhan yang haq selain Allah, Allah Maha Besar, tiada daya dan kekuatan, kecuali dengan pertolongan Allah Yang Maha Tinggi dan Maha Agung’. ‘Wahai, Tuhanku! Ampunilah dosaku’.[HR. Imam Al-Bukhari dalam Fathul Baari 3/39]

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ عَافَانِيْ فِيْ جَسَدِيْ، وَرَدَّ عَلَيَّ رُوْحِيْ، وَأَذِنَ لِيْ بِذِكْرِهِ

Artinya : “Segala puji bagi Allah yang telah memberikan kesehatan pada jasadku dan mengembalikan ruhku kepadaku serta mengizinkanku untuk berdzikir kepadaNya.” [HR. At-Tirmidzi 5/473 dan lihat Shahih At-Tirmidzi 3/144]

Khutbah Jum'at : Tiyang Kang Bangkrut Miturut Rasulullah SAW

Khutbah Jum'at : Tiyang Kang Bangkrut Miturut Rasulullah SAW

اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ،
* قَالَ اللهُ تَعَالىَ: أَعُوْذُبِ اللهِ مِنَ الشَّـــيْطَانِ الرَّجِيْمِ * يَآ أَيُّهَــا الَّذِيْنَ آمَنــُوْا اتَّـقُــوْا اللهَ حَقَّ تُقَــاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُـنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْــلِمُوْنَ *

Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Minangka purwakaning atur keparenga kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh-dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun. Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan pitedah saget mbentenaken perkawis ingkang sae lan awon, leres lan lepat, hak lan batil, halal lan haram mekaten ugi kita bade pikantuk pangapunten kalepatan kita saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Kados dawuhipun Allah swt wonten ing surat al anfal : ,29:

يــَآ أَيُّهَــا الَّذِيْنَ آمَنــُوْا ان تتَّـقُــوْا اللهَ يـجـعــل لــكـم فـرقــانـا ويـكـفـر عـنـكم سـيـأتـكم ويـغـفـر لـكم ذنـوبـكم

Hei wong kang pada iman menawa sira kabeh pada taqwa marang Allah, mangka Allah Ta’ala bakal maringi furqan tegese pituduh kanggo sira kabeh kang sira kabeh banjur bisa mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, bener lan luput, lan Allah bakal nglebur ngamal ala ira kabeh lan uga ngapura dosa dosa ira kabeh ” (QS.Al Anfal : 29).

Bapak-bapak, lan para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah
Kita tentu sampun mangertosi bilih sak estunipun taat dateng Allah kanti nindakaken sedaya perintahipun Allah, saha nilar lan nebihi awisanipun Allah punika kangge kesahenan kita piyambak, Kosok wangsulipun nilar lan nglirwakaken dawuhipun Allah saha nerjang awisan lan nerak wewaleripun Allah punika dados sumbering karisakkan lan kasengsaraning gesang kita, wiwit dunya ngantos dumugining akhirat.
Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita kanti dawuhipun :

ومــن أعــرض عــن ذكـرى فـان لــه مــعـيــشــة ضــنـكا ونـحـشــره يـوم الــقــيــامــة أعــمـى

Sapa wonge mengo sangka eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupeg, lan bakan Ingsun giring wong kuwi besuk dina qiyamat kanti kahanan wuta”. ( QS.Thaha : 124 )

Dawuh menika minangka pangemut tumrap kita ampun ngantos kita nglirwakaken dawuhipun Allah saha ampun ngantos kumawantun nerjang awisanipun Allah. Pagesangan kita bade nemahi samsara dunya ngantos dumugining akhirat.
Mboten wonten sarana kangge nggayuh kabegjaning gesang punika kejawi namung nderek dateng pranatan lan tuntunan syari’at agaminipun Gusti Allah, mekaten ugi mboten wonten margi kangge nggayuh kawilujengan lan kalis saking bebaya kejawi namung kanti sarana nyaket lan taqarrub dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala. 
Dene margi lan sarana taqarrub dateng Allah punika katah sanget cara ingkang saget kita tempuh, ananging ingkang langkung utami lan prayogi kita tindakken tentu kanti nuhoni dateng kwajiban lan ibadah fardlu langkung rumiyin. Ampun ngantos ingkang fardlu dipun lirwakaken, ingkang dawah sunnat malah dipun tengenaken. Minongko conto :  naliko wulan ramadlan, shalat tarowih sewulan muput dipun ayahi, ananging shalat fardlu gangsal wekdalipun malah kirang dipun perhatosaken. Shalat riyaya nganti dinggo sulaya, nanging shalat fardlu limang wektu malah ora tahu. Pramila ibadah sunnat utami dipun tindakaken nanging ibadah fardlu kedah dipun rumiyinaken. Rasulullah sampun paring dawuh ing hadits Qudsi :

ومــا تــقــرب الي عــبــدي بـشــيـىء أحــب الـي مــن أداء مــا افــتـرضــيـتـه عــلــيــه

“Ora tumindak ngibadah keparek kawulaningsun marang Ingsun kelawan sawijining penggawe ibadah kang luwih Ingsun tresnani katimbang ngelakoni perkara kang Ingsun wajibake tumrap deweke” (HR. Al Bukhari ).

Hadlirin , jama’ah Jum’ah rahimakumullah
Ibadah fardlu ingkang dipun tindakaken saget minangka sarana taqarrub kita dateng Allah tentu menawi sampun netepi tata cara ingkang leres menggah tuntunan syari’at, kanti netepi syarat lan rukun saha katindak aken kanti ikhlash murih karidlanipun Allah. Ampun ngantos tumindak ibadah nanging kecampuran niyat lan tujuan sanes, amergi namung bade ngrisakaken dateng ibadah kita. Allah dawuh ing Al Qur’an :

ومـا أمــروا الا لــيــعــبـدوا اللـه مــخــلـصــيـن لــه الــديــن

Lan manungsa iku ora di perintah kejaba supaya ngibadah marang Allah kelawan murniake agama kerana Allah” (QS. Al Bayyinah : 5).

Pramila mangga kito sedoyo kedah berusaha anggenipun nindaaken ibadah kita kaniyatana ingkang ikhlas kangge nggayuh karidlanipun Allah, sahingga wusananipun cinaket wonten ngarsanipun Allah. Lajeng menawi cinaket kaliyan Allah tentu kita manggih kabekjaning gesang dunya lan akhirat, ugi kalebet kekasih menggahipun Allah Ta’ala; Kados dawuhipun :

لـهـم الـبـشرى فى الحيـاة الـدنـيـا وفى الأخـرة

“…………, tumerape wong wong mau oleh kebungahan urip ana ing dunya lan ing akhirate”. (QS. Yunus 64).

Mugi kita kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kwajiban kumawula dateng Allah kanti istiqamah wusananipun ibadah ingkang kita lampahi dados ibadah ingkang tansah pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.Amin

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ$ وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ$ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ ، وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُـوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: إِنَّ الصَّلاَةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ كِتَابًا مَوْقُوْتًا$ وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ$


Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : Tiga Sikap Bijaksana Menghadapi Bencana

khutbah jum'at

Khutbah I : Tiga Sikap Bijaksana Menghadapi Bencana

اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم}، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

Hadzirin Jamaah shalat Jumat Rahimakumullah

Mangga kita sami budidaya ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh dhawuhipun Allah lan nebihi saha nilar sedaya awisanipun Allah. Supados kulo lan panjenengan sami kagolong tiyang ingkang bejo wonten ing dunyo lan bejo wonten ing akhirat.

HAdlirin jama’ah sholat jum’at rahimakumullah
Wonten ing sak lebetipun tahun meniko wonten pinten-pinten musibah ingkang melanda wonten ing nigari kito Indonesia, ing antawisipun wontenipun bencana alam gempa bumi, sunami lan sanesipun, ingkang kedadosan kolo wau dadosaken raos prihatin lan susah saking musibah ingkang ngengingi sederek-sederek kito  kang dados kurban saking bencana alam kolo wahu. Imam Nawawi wonten ing kitab Al Adzkar ngeriwayatake hadits ingkang intinipun nganjuraken dating kito sedoyo supados mahos kalimat tarji’ nalikae wonten musibah, inggih puniko :

إنّاَ لِلهِ وإنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ 

Ingkang artosipun : Saktemene kito meniko kagungane Allah, lan sak temene naming dating ngarsanipun Allah kito sedoyo meniko Bali”

Allah anjanjeni  dating tiyang ingkang kerso ngucapaken kalimat tarji’ nalikane wonten musibah, badhe pikantuk Rahmat dan anugerah saking ngarsanipun, Allah badhe maringi Ganjaran lan gantos  ingkang langkkung sahe, Amin

Hadzirin Jamaah shalat Jumat Rahimakumullâh,

Kaitanipun kalian musibah bencana alam gempa bumi meniko Nabi Muhammad SAW dawuh wonten ing riwayat  Mushannaf Ibnu Abi Syaibah Juz 1 


حَدَّثَنَا حَفْصٌ، عَنْ لَيْثٍ، عَنْ شَهْرٍ، قَالَ: زُلْزِلَتِ الْمَدِينَةُ فِي عَهْدِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، فَقَالَ: إِنَّ رَبَّكُمْ يَسْتَعْتِبُكُمْ فَأَعْتِبُوهُ

Artosipun : Dipun criosaken saking Hafs, saking Laist, saking Syahr, dawuh : Kuto Madinah nate ngalami goncangan wonten masanipun Nabi Muhammad SAW, Nuli Nabi Muhammad dawuh : Sak temene Allah ngelingake marang siro kabeh, Mongko pdho ilingo siro marang Allah”

Bencana gempa bumi ugi nate kedadosan wonten ing masa pemerintahan sayyidina Umar bin Khattab, Wonten ing  kitab Istidzkar, juz II, halaman 418 dipun kisahaken :

رواه بْنُ عُيَيْنَةَ عَنْ عُبَيْدِ اللَّهِ بْنِ عُمَرَ عَنْ نَافِعٍ عَنْ صَفِيَّةَ قَالَتْ زُلْزِلَتِ الْمَدِينَةُ عَلَى عَهْدِ عُمَرَ حَتَّى اصْطَكَّتِ السُّورُ فَقَامَ فَحَمِدَ اللَّهَ وَأَثْنَى عَلَيْهِ ثُمَّ قَالَ مَا أَسْرَعَ مَا أَحْدَثْتُمْ وَاللَّهِ لَئِنْ عَادَتْ لَأَخْرُجَنَّ مِنْ بَيْنِ أَظْهُرِكُمْ

Artosipun : Kuto Madinah nate kedadosan gempa wonten masa Umar Radliyallahu Anhu sahinggo pager sami obah, nuli Umar jumeneng dan muji dating ngarasanipun Allah Ta’ala, Nuli Umar dawuh : Cepet banget opo kang siro lakoni, demi Allah yen gempa iki kedaian maneh, mongko aku bakal metu soko sanding siro kabeh.”

Wonten ing masalah gempa bumi meniko Sayyidatina A’isyah Radliyallahu Anha, nate dawuh kados ingkang dipun ngendikaaken Imam Malik :
Ingkang inti lan kesimpulanipun wekdal sewahu masyarakat sami bebas, kados kados ngalalaken tumindak zino, minum minuman keras. Yen sampun kados mekaten Allah badhe mrintahaken marang bumi supados  gempa, nanging yen manungso kerso sami tobat, mongko gempa kolo wahu badhe mandek, ananging yen manungso boten kerso taubat, mongko gempa wahu badhe menghacurkan manungso wahu. Nuli shohabat Anas tangklet dating Syyidatina A’isyah : Menopo meniko dados ukuman, Ya Ummul Mukminin ? Sayyidatina aisyah jawabi : Niki rahmat, berkah lan nasihat soho pelajaran kangge tiyang-tiyang mukmin lan adzab dating tiyang-tiyang kafir.


Hadizirin Jamaah shalat Jumat hafidhakumullâh,
Nuli kados pundi sikap kito secara bijaksana kangge mensikapi bencana ing wonten ing nigari kito meniko ?
Sepindah : Sesami sederek sebangsa lan setanah air, sampun sak mestinipun kito sedoyo saling membantu sesuai kaliyan kemampuan kito, Imam MUSLIM dawuhaken wonten riwayatipun ingdalem Shahih Muslim : Rasulullah SAW dawuh :

 قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: «مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا، نَفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ، وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ، يَسَّرَ اللهُ عَلَيْهِ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا، سَتَرَهُ اللهُ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، وَاللهُ فِي عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِي عَوْنِ أَخِيهِ


Artosipun : Rasulullah SAW dawuh Sopo wonge kang berusaha ngilangake kesusahane saking sedulur mukmin, Mongko Allah badhe ngilangake kesusahane wong iku mahu ing dino kiyamat, Lan sing sopo wonge berusaha bantu marang kesulitane wong liyo, mongko badhe paring gampang urusane wong iku ono ing duny lan akhirat, Lan sopo wongi kang nutupi cacate wong islam liyane, mongko Allah badhe nutupi cacate wong iku ing dunyo lan akhirat, Lan Allah BAdhe paring pitulung dating kawulane selagi 

Jika kita mampu untuk memberikan bantuan harta benda, kita sisihkan sebagian harta benda untuk mereka melalui instansi yang terpercaya, seperti LAZISNU, Baznas, PMI, dan lembaga penyalur bantuan lain yang kredibel. Jika kita mampu dengan tenaga dan keterampilan, kita berikan kemampuan kita dengan menjadi relawan di tempat bencana. Jika kita tidak memiliki harta maupun tenaga, kita berikan doa untuk mereka agar mereka diberikan kesabaran dan ketabahan dalam menghadapi ujian dari Allah ﷻ. 
Ingkang Ongko KAlih :
MAkna asal saking sabar inggih meniko “menahan”, secara syar’I sabar puniko kados ingkang dipun dawuhake Ahmad Farid ing kitab Tazkiyatun Nufûs, 

الصَّبْرُ حَبْسُ النَّفْسِ عَنِ الجَزْعِ وَاللَّسَانِ عَنِ التَّشَكِّي، وَالجَوَارِحِ عَنْ لَطْمِ الخُدُوْد وَشَقِّ الثِيَابِ وَنَحْوِهِمَا


“Sabar inggih meniko menahan diri saking nggremeng, nahan lisan lisan saking roso mengeluh, lan nahan nggauto badan saking nabok pipi, nyuwek-nyuwek sandangan lan sanesipun sandangan”, sahinggo sabar meniko mboten naming ten lambe kemawon ananging ugi winten ing saklebetipun manah”

Ingkang kaping tigo : ingdakem mensikapi wontenipun gempa bumi meniko kito kedah berusaha ridho dating nopo ingkang dados ketentuanipun Allah SWT. Ibnu MAjah dawuhaken wonten ing kitab Sunan Ibnu Majah, ngeriwayaten hadits mekaten :

إِنَّ عِظَمَ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلَاءِ وَإِنَّ اللَّهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا ابْتَلَاهُمْ فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السَّخَطُ

Sak temene gedene piwales meniko sesuai kalian ujian, sak temene naliko Allah seneng marang setunggaling kaum, mongko Allah bdhe maringi ujian, Sinten tiyange ingkang ridho, mongko piyambake badhe pikatuk Ridhanipun Allah, lan siten ingkang benci/bten remen, deweke bakal pikantuk murkaniun Allah”

Hadzirin Jamaah shalat Jumat hafidhakumullâh,

Peramilo kanti wontenipun kedadosan benacana alam wonten ing sebagian negari kito meniko Sebagai manusia biasa, kita kedah  introspeksi diri dan evaluasi supados kito sedoyo kersoho ngtah-ngatahaken mahos istighfar, tobat dating ngaranipun Allah.

 Lan berusaha ningkataken ketakwaan kita dumateng Allah ﷻ. Sebab bencana alam meniko saget kangge peringatan Allah dateng kita semua, peringatan kangge ningkataken  ketaqwaan, peringatan kangge ninggal perkawis dosa, lan peringatan supados tobat dateng Allah ﷻ. 

Peramilo mugi-mugi nigari kito, lingkungan kito dipun dadosaken nigari ingkang aman lan selamet saking musibah, nigari ingkang tentrem, makmur lan tansah pikantuk kawilujengan lan perlindungan saking ngarsanipun Allah ta’ala. Negari ingkang baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur. Amîn ya rabbal ‘alamin.
  
جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ : أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمانِ الرَّحِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا 

باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ وذِكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ


Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Surat An Nas Beserta Terjemahannya

Surat An Nas Beserta Terjemahannya

Berikut Surat An Nas dan terjemahannya.

قُلۡ أَعُوذُ بِرَبِّ ٱلنَّاسِ ١  
 مَلِكِ ٱلنَّاسِ ٢  
 إِلَٰهِ ٱلنَّاسِ ٣  
 مِن شَرِّ ٱلۡوَسۡوَاسِ ٱلۡخَنَّاسِ ٤  
ٱلَّذِي يُوَسۡوِسُ فِي صُدُورِ ٱلنَّاسِ ٥  
مِنَ ٱلۡجِنَّةِ وَٱلنَّاسِ ٦  

Terjemah dalam bahasa In donesia
1. Katakanlah: "Aku berlindung kepada Tuhan (yang memelihara dan menguasai) manusia
2. Raja manusia
3. Sembahan manusia
4. Dari kejahatan (bisikan) syaitan yang biasa bersembunyi
5. yang membisikkan (kejahatan) ke dalam dada manusia
6. dari (golongan) jin dan manusia

Terjemah dalam bahasa Inggris

1. Say: I seek refuge in the Lord of men,
2. The King of men,
3. The god of men,
4. From the evil of the whisperings of the slinking (Shaitan),
5. Who whispers into the hearts of men,
6. From among the jinn and the men.

Back To Top