-->

Berbagi Artikel dan Ilmu Pengetahuan

Khutbah Juma'at bahasa Jawa : Amal Ingkang Dipun Remeni Deneng Allah SWT

loading...
Khutbah Juma'at bahasa Jawa

اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ وَأَشْهَدُ أَنْ لَاإِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ فِيْ ذَاتِهِ وَ أَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَفْضَلُ مَخْلُوْقَاتِهِ أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ الْمُقْتَدِيْنَ بِهِ فِيْ كُلِّ حَالَاتِهِ. أما بعد:
فَيَا عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَالزَّادِ التَّقْوَى فَقَالَ اللهُ عَزَّ مِنْ قَائِلٍ: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَ مَنْ يُطِعِ اللهَ وَ رَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَفَوْزًا عَظِيْمًا

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah  jum’ah rohimakumulloh.
Minongko purwokoning atur, monggo kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit sampun paring kanugrahan lan kanikmatan, langkung langkung rohmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito sedoyo, sahinggo wonten ing kesempatan puniko kito tasih saget menangi malih dinten jum’ah, lan saget nglampahi kwajiban sholat jum’at wontwn ing siang meniko.

Lan Sak lajengipun, keparengo kulo ngajak dateng awak  kulo piyambak lumeber dumateng panjenengan sedoyo, supados kito tansah ningkataken ketaqwaan utawi raos ajreh dateng Allah SWT Kanti tansah berusaha nindaaken punopo ingkang dados perintahipun soho nebihi punopo ingkang dados awisanipun Allah SWT.

Hadlirin Jama’ah jum’at Rahimakumullah 
Allah SWT dawuh wonten ing Al Qur’an 

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ

Inkang artosipun : “Lan ingsun Allah Ora agawe Jin lan manungso kejobo supoyo podo nyembah utawi ngibadah marang Ingsun (Allah) (QS. Adzariyat ayat 56)

Saking dawuh ayat meniko saget dipun pendet hikmahipun ing antawisipun bilih penting sanget kangge kito supados anggadahi pendirian ingkang teguh lan sikap istiqomah ing dalem ngibadah dateng Allah SWT. 

HAdlirin JAma’ah sholat jum’at Rahimakumullah
Ibadah meniko termasuk perkawis ingkang sanget pokok wonten ing pagesangan kito. Namun wonten perkawis ingkang penting sanget ingkang mestinipun kito gatosaken ingdalem nglampahi ibadah supados ibadah ingkang kito lampahi dados ibadah ingkang dipun remeni deneng Allah SWT. KAdos dawuhipun Rasulullah SAW : Dipun riwayataken Saking A’isyah Radyiyallahu ‘anha, RAsulullah SAW dawuh  

أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ

Artinya: Amalan ingkang paling dipun remeni Allah inggih meniko amalan ingkang dawam utawi rutin dipun lampahi senajan sitik (HR. Bukhari Muslim)

DAwuhipun RAsulullah maleh :

يَا أَيُّهَا النَّاسُ عَلَيْكُمْ مِنَ الأَعْمَالِ مَا تُطِيقُونَ فَإِنَّ اللَّهَ لاَ يَمَلُّ حَتَّى تَمَلُّوا وَإِنَّ أَحَبَّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ مَا دُووِمَ عَلَيْهِ وَإِنْ قَلَّ

Artosipun :He manungso kabeh, tindakno amalan sesuai kalian kemampuane siro kabeh, Kerono sak temene Allah mboten bosen ngantos siro kabeh ngroso bosen. (Lan mangertoso siro) bilih amalan ingkang dipun remeni/dipun cintai deneng Allah yoiku amalan ingkang ajeg/rutin senajan sitik (HR. Muslim) 

Mekaten Rasulullah SAW maringi pangertosan dumateng kito sedoyo bilih termasuk amal ingkang dipun remeni utawi dipun cintai deneng Allah SWT inggih meniko amalan-amalan ingkang rutin utawi istiqomah, ajeg  anngenipun nglampahi, senahoso amal ibadah meniko sekedik utawi ringan. Pramilo sampun sak mestinipun menawi kito anggadahi amalan ibadah senaoso kedik kito berusaha nglampahi kanti dipun lampahi secoro rutin.

Hadirin JAma’ah sholat Jum’ah Rahimakumullah 
Kejawi hal meniko dipun cintai deneng Allah SWT, amalan ingkang dipun lampahi scoro rutin meniko saget melatih kangge kito supados saget nglampahi amal ibadah kanti istiqomah. Keranten, istiqomah meniko perkawis penting kaitanipun ingdalem bab ibadah. Lan istiqomah anggadahi fadhilah ingkang ageng sanget kados dawuhipun Allah SWT wonten ing Al qur’an wonten ing surat fusshilat ayat 30-32:

إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ  نَحْنُ أَوْلِيَاؤُكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ وَلَكُمْ فِيهَا مَا تَشْتَهِي أَنْفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيهَا مَا تَدَّعُونَ  نُزُلًا مِنْ غَفُورٍ رَحِيمٍ

Ingkang artosipun Wallahu ‘a’lamu bimurodihi: 
“Saktemene wong-wong kag podho ngucap: pengeran kito yo iku Allah, nuli deweke podho tetep istiqomah, mongko poro malaikat badhe podho tumurun marang deweke kabeh (kalian pdho ngendikan) , ojo podho ngroso wedi siro kabeh  lan jo podo susah lan podo senengo siro kabeh kalian piwales swuarga kang wus dijanjekake marang siro kabeh. Lan kito dados pelindung siro kabeh ingdale dunyo lan akhirat. Lan keduwe siro kabeh ingdalem Suwargo bakal pikantuk nopo kang siro podo karep dan kang siro suwun, sebagai penghormatan kanggo siro kabeh saking Allah Kang Moho pengapuro lan Moho Welas”

Ma’asyirol muslimin rahimakumulah
Mekaten khutbah jumat qonten ing kesempatan meniko, mugi-mugi wonten manfa’atipun. Amin Allahumma Amin.

بَارَكَ اللّه لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الّذِيْنَ  آمَنُوْا وَعَمِلُوْا الصَّالِحَاتِ وَتَوَا صَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ. أَقُوْ لُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ فَاسْتَغْفَرُوْا رَبَّكُمْ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

Khutbah II   

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا 
  أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 
  اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


loading...
Labels: Khutbah Jum'at

Thanks for reading Khutbah Juma'at bahasa Jawa : Amal Ingkang Dipun Remeni Deneng Allah SWT. Please share...!

0 Komentar untuk "Khutbah Juma'at bahasa Jawa : Amal Ingkang Dipun Remeni Deneng Allah SWT"

Back To Top